
Oleh Zid-li Auliyana Luthfillah
Kok yo seneng men poro padu
Rungokno kritik saran kancamu
Mbok bantah ae, ngrungokne ra kolu
Sakjane Iku ati ta watu?
Ngalah uduk berarti kalah
Ngerti salah yo ojo bubrah
Konco iku omah, ojo sampek pejah
Nek ngono kabeh maleh wegah
Kene lo ora nyalahne kowe
Sok ngroso di tuduh ae
Malah ngelawan? Dadekno curiga wae
Sanggahan lambe memble-memble
Elengo! Kene iku peduli
Di pedulikno kok ora due empati
Sok mandiri malah ngelarani ati
Karep seh, kene ga rugi!
Rasah sombong kebiasaan
Baku hantam kok bangga?
Poro padu ra ndek lambe tok
Wes menjalar nang fisik







